Google+

Prasasti Pande Bang

Babad Pande Bang

Uni purwan ing tatwa carita, katakana pwa sira paduka bhatara brahma, ayoga duk ing tan ana paran pran, kari ya sunia, sumlah pwa katonaniya, anarawang-anaruwung, nora tanah lawan langit, tan katenger pwa doh-dohaniya, tan ana wetan kidul kulwan mwang utara, kewala ana katon surya sapetang siki, asurupan atemahan tunggal, tan sipi tejan ing lumran ira, anuluhi ikang bhuwana-anda-pada. Mangkana dilah tejan ira sang hyang indra nguni. I wekasan dadya ana katon, pawayangan, anal or, kidul, kulwan, wetan, sinipatakan dening tung tung ing anan ira sang hyang surya. Apan ta dumeh niyan, apan tan sinipi tikena mapanes. Kunang riwekasan dadya ana muwah katon, akasa lawan pratiwi, atisayang mawalu rupan ikang pratiwi akasa, asinang katon madyan ing bhuwana, tinitisaken tumihan tumihan ikang teruh teruh, saking antariksa, ya atemahan ana ikang taru-taru, sarwa tumuwuh, awurahan, yam maka ananta-padma sahanan ira. Bhatara brahma mayoga, ya tam aka uripan ika, nimitan ing atisayeng mawelu, tejan ikang kukus, angurdayana, mwah atikel amingsor tekeng pukah, jeng ira paduka bhatara brahma, dadya mijil ikang maya sakamantyan sakeng sendin ing adnyanan ira bhatara brahma tinehar pinrayogaken ikang maya, ya ta pwa atemahan manusa, mangke lare, mangke matuha. Sira ta tumuli anama mpu brahma bangsa. Nahan kalingan ikang nguni, didiniyan pada pratyaksa pra-santana sowing-sowang. Rengwakena ikang carita muwah, ring usana sang apanelah bhatara mpu brahma bangsa, atisaya kotaman ira, drasaksat sang hyang tri netra pwa sira, apan parihning hyang. Ri wekasan kinon pwa sira de paduka bhatara prajapati, ayoga amredyakena putra santana. Tar wihang ta pwa sira, tumut umiring adnya bhatara, iriki tineher ayoga sira mpu brahma bangsa. Tan sipi baran ikang yogan ira, kowat den ing kasidyan janyanan ira rasa singgang kang pratiwi-tala, awasana mijil tang manusa sawiji, sakeng sandin ing yoga, listuayu laki warna, tan awaneh kapwa kaya sang kritya, umangke lare, mangke matuha, sira taw us akekasih mpu wija brahma kapandyan.


Tan popama kasidyan janyenan ira, teguh ing brata Samadhi, telas katekeng wedha-mantra, sastra karubun den ira kabeh, tangeh yan caritakena. Takwan sira mpu widya brahma kapandyan, kaya pangutus ira paduka bhatara kasuhun, irika neher kapwa sira sang mpu widya brahma kapandyan mayoga, tan popama darakan ing yogan ira, angarepaken kunda-geni. Tan asuwe, dadya metu lare catur, sakeng sandin ing catur-adnyana, laki-laki paripurna ring rupa, neher pinrayoga de bhatara prajapati. Ya nimitan ing manke lare, mangke matuha, apan saksat metu sakeng kasidyan ira bhatara , ye etun ing tan sinipi kanirarayan ira sang catur wija, sang metu kunda-geni. Kunang panunggalan ing araniya, kang aluhur, anama sira mpu bang tawang, kang pamade anama pwa sira mpu apandya bang, mwang kang waruju, apanelah sira mpu sandangan ngaran ira. Kunang sang ing wekas anama mpu buhung-buhungan ngaran ira. Mangkana samodyan ing sira sang catur pandita. Mangkana piweruha, santanan ingsun kabeh, nimitan ing ana kawitan nguni. Astwan Brahman anugraha, linganta kunang. Kunang wetning sih bhatara sinihun, lawan sang catur sanak, dadi ingurahan pwa sira de bhatara prajapati, sarwa tatwa diyatmika, reg-weda, yajur-weda lawan kalingan ing anuwuhsken wangsan ira, Santana prati Santana, kang catur atemahan tunggal, pati kalawan urip. Mangkana panugrahan bhatara nguni, etun ing sira kabeh, wenang pada ngupeti gagaduhan sira sowing-sowang, angistyakena to sing brahma kapandya bang wangsan ira. (mantra, tidak diposting) linganta, rengwakena mangke, patunggal-tunggal ing prati santanan ira sang catur sanak. Kawarsita sira mpu bang tawang, ajarakena rumuhun, sira anuwuhakena prati Santana ana woyeng jawa bali, ri salwan ing jarring-jaringane hoyeng patali raja katekeng bali raja. Apan tan kagem I mayan ira , sira mpu bang tawang, ri wekasan wus ana sutan ira karo, jalu-jalu paripurna. Kunang sira kang panuha, anama sira pandya ireng, kang ari ingaran I mabang, cameng ngaran ira waneh, atisaya lewih kasamyadnyanan ira kalih, tapwan waneh koteman ira sang bapa.

Yan pira satajin ikang kala ri wekasan tumuli anutugan wangsa ira ana ring jawa bali, pada manggeh ngutpati atiti kawitan ira, tosning brahma-kula, sira mpu bang tawang, maka nguni, sira mpu apandeya bang, yam aka nguni cuda maniyan ira kalih. Mangkana kaprastwaniya nguni. Swaro ryam putrakam datwam. Tumutur ikang carita muwah, gumanti si rarya I mabang, sang apenenggah cameng, sira anuwuhaken wangsa, amredayaken Santana, ana sutan ira sawiji, inaran ta pwa sira sirarya bambang, sira ta anampani kaprabon ira sira aji bali, ya etun ing syaji bali angutpeti kon anangun tapa, kumililiran ira, mulan ing ta sira, sira mpu bang tawang, nguniweh mpu pandya bang. Nahan kalingan ika dumehiyan pada tumurunang bali. Lingen sirarya bambang, neher pwa sira anuwuhaken wangsan ira, laki paripurna, anama pwa sira ki patih byawung, as asana ring katewel, sira arya bambang kaprasisma ring sukawati. Kunang ri wekasan sira arya bambang, sira patih byawung pada anumwuhaken Santana prati Santana hoyeng pulina bali. Ikang sinangguh sawatek ing bangbang byawung, pada werdhi kamanusan ira, pada kasingan genah de sang amawa bumi, manggeh angaci kumaliliran ira mulan ing to sing apande bang. Maka nguni sira mpu bang tawang. Mangkana kacaritaniya nguni. Kunang sira patih byawung, ana sutan ira, kaping arep 2, kang panuwa anama I wayan abyan, sang ari apanlah ki made abyan. Riwekasan ki made abyan, sah sakeng katewel, angalih pwa sira ring abyansemal. Kunang tucapa pwa sira arya cameng, sampun wredhi Santana waneh, an ipal-ipal, neher angalih graham maring desa camenggawon, umawa kaliliran ira. Manggeh angaci ngaci maring pantin ira, paduka bhatara kasuhun. Mangkana kacritaniya, wus umunggawang pralapita, munggwing prasasti, mangkana samuktyan. (mantra, tidak diposting) ar manuse yam. Linganta wilang ikang kata, nugraha prati Santana enengkwa ika kanda mangkana, walwi kang carita muwah. I purwan ing kanda, kang tatwa carita, dwa wada carita katakana sira sang mpu buhung-buhungan, pamatolan naman sira waneh.

Kunang muwah sira mpu sandang sawangan, watek panyuwungan ngaran ira waneh, sira ta sang mpu karo, titis ira de paduka bhatara brahma, sang hyang catur muka. Kunang sira mpu sang karwa, sang anama mpu buhung-buhungan, sang mpu sandang suwungan, pada werdhi anuwuhaken prati Santana, suta, protaka, pada manggihsadya tur pada mungguh munggwing pralapita, kawredyan ing wangsa kaprabaliyan ira, sumimbaheng pulina bali rajya, maka manggalan ing margahan ira sang mpu karwa-sanak. Rengenta mangke, patunggalan ira, tinihan sanira, sira mpu sandang suwungan, tan sipi kawredyan ing kamanusan ira, apan sira wus angalap rabi ana wetu sutan ira karo jalu-jalu paripurna, tan lingan tekang wadu. Kunang sang ing panuwa, sira ta apelah si arya bangkara, kunang sira sang ari, apuspata bambang angkara. Mangkana samodayan ing naman ira kalih. Kunang sira arya bangkara, atisaya pangaweruhaniya, amratyaksakena jagat, duk aneng patali rajya, etun ing wredaya wah bhoginiya. Pangeh yen wasitakena kaheswaryan ira maring patali rajya, etun ing wredayah apageh, kagegen kaprabaliyan ira si arya bangkara. Apa dumilehniya apan sira to sing mpu sandang suwungan, titis ira de paduka bhatara brahma nguni. Mangkana kang carita, kaprasitan ing prasasti. Rengenta ikang carita malih, tapwan waneh ta sapandirin ira sira arya bangkara, yen pira kunang lawas nira ambukti ariya, among raga raras ing pagulingan, ri wekas ana mijil sutan ira rwang asiki, jalwistri, pada listwayu paripurna. Kunang pratekan ing aran ira, kang aluhur laki, akekasih pwa sira rakyan suta mantra. Kunang sang istri pwa sira, apuspata pwa sira dyah ranggani, ayu tan pasingsingan, lwir hyangning masu pasir yan pakepoma, wetning katwangan ing manisning nayana, anusah prana amatyani, ya nimitan ing dyah ayu rangani, inalap ginawe swami den ira sri aji airlangga, nging tan susuta pwa sira. Pira kunag lawas atemu tangan sri aji lawan dyah ranggani, ri wekasan sira rakyan suta mantra sinung lungguh de sri aji, patih pwadegan ira ring airlangga Negara. Alawas ikang kata, winoga pwa sira aji airlangga, anuksa ring taya, bekung pwa sira, adatan ana anurunang wija. Gumanti sira rakyan suta mantra sumilihi de sang para tanda mantra, maka praja dipan ing airlangga rajya. Tan lingen kajagadhitan ing nagara, sapunpunan ira, kunang ri wekasan annuli ta sira sang ratu suta mantra sang prasida sumilih ing rajya airlangga, asuta roro lakilaki, pada paripurna.

kunang wijil nira nguni, atisaya maha cintya, maha prabhawa, suba nimitan ira sang raja putra kalih, ateja bang lawan ireng, ya etu inaranam kang matuwa apuspata ta sira pandya abang, sang ari apanlah pandya ireng. mangkana kalingan ira nguni. yan pra kunang kalan ira ri wekasan, kinon sang raja putra kalih, apandya bang, pandya ireng, den ira sang yayah, sang amawa bhumi, anangun tapa maring wana ukir, aneda nguraha bhatara, sang wenang angantyanana sira sri aji, lumaris pwa sira atapa. gelis ing carita, ana sanmatan bhatara lawan sang ari ki pandya ireng, ya ta dumekniya kroda sira pandya bang, pinejahaken pwa sira ki pandya ireng neng wanantara. kacihnan den ira sang bapa, ajalaran de bang brahmana cuta, ling ing sastra, pa, ta. ye etun ing sri aji kroda, kinon amatyani siranak nira, sira apandya bang, dumeh sira apandya bang, kalepang-kalepang, alaradan tumekeng bali rajya. sasampune sira ring bali rajya, wekasan anama sira bang bali bangsul. rengenta malih, uni sapraptan ida sira bang bali bangsul, hoyeng kakisik ing bali, anyujur maring wana girimaring cemara gendang, apan panindun ing titah maka larapa sira manggih sadyuh dadi katemu ta sira paduka bhatara mahadewa hyanging tolangkir maring madya ing kanana. sira ta paduka bhatara prapta sakeng jambu dwipa, sawus pejahe sang mayadenawa nguni, sang ratu bali, kena cinakra de bahatara indra ring usana, maring pangkung patas, niyan pwa kalingan nira. kunang sira paduka bhatara hyang ing toh langkir, sareng margan ira paduka bhatara budal, amarga maring camara ngandang, nging sira sang abang bali bangsul, wyakti sakeng tan mituhan ring palinggan paduka bhatara rawuh, etun ing tan wawa ranga pwa sira. kunang ri sampun aparok bhatara dadi mulat pwa sira, sira arya bang bali bangsul, apan kabina bina pawayangan bhatara, impar bhaskara kembar, umayati tumunggang ing skala. kala irika sira arya bang bali bangsul, kagyat amitahen ring paduka bhatara umijil, etuniya tumungkul, angedepang siti, sarwi anembaha pengkajan ira bhatara, aneda lugraha, tur sanggraha pwa sira amawa tirtha maka waseh jeng, winadah andan ing batok

kunang atur ira sira arya bang bali bangsul, awor pangulap ika nihan ‘pakulun paduka bhatara, pasang tabe patik bhatara umatur, i pangkaja bhatara, apan nora waneh pwa paduka bhatara, lumingga maka hyang hyang oneng pulina bali, rumaga guna alit, weruh pwa doh lawan aparek, wenang pwa paduka bhatara anugraha pun kawula, nispalang jagat, nging pangestin ikang kawula, maran patik bhatara umaringa paduka bhatara, saparan, apan binra patik bhatara den ing wong ing airlangga’. tur laju pwa sira bang bali bangsul, angregat angwangsuh jeng bhatara, olih toya winadah batok. awasana ana wakyan ira sang hyang mahadewa, apa ta lwirya nihan, ‘kamung ta kita abang, kalingane ta kita mawedi lawan pati, yan mangkana pwa ingulun rona, anging ana pawekas ingulun mangke, de barmakena manahta, aja lama lama, mastitis dampahangku, umantuk ing gunung agung, pegengeng bayunta sekarang’. anembah pwa sira arya bang bali bangsul. kunang pamargan bhatara, dadi atisaya kabina bina, tan pentara teka teng angin alisayus,, saha uda aderas, adulur klepug, kilap tatit, tan pegatan, lindu ikang anda bhwana. awasana kaya kapenga penga sira arya bang bali bangsul. wan weruh ing ulah, kewala kari ginegwan tekang batok. yan rinasa rinasa kari mekul jeng paduka bhatara, wetune kamoga pwa sira kasrepang, tan wenang ngucap, mur pwa sira bhatara maring tan katon, imper kaya sinamian atinggal ing ratna, mangkana padan kita. awasana karungu sabdeng akasa, apa ta lwiriya nihan ‘kamu kita bang, apan saking manganta kalawan anan ing ulun, ya etun ing kadi kita, tan kayogya pwa kita umiringa pwa ulun, umantuk ing gunung agung. mangke ana panugrahanku lawan kita, ri wekas rikala kapejahanta, tumit katekeng prati santanan, wenang wenang maka panglepas, toya atambang dadi tinangolongan, tirta tunggange arepakena, apan atisayang pawitra, toya purus baga bhatara, kajaraniya inuwaken ira sasinreh areh, mwang sarwa matah, mwang sarwa bungkulan, sarwa katihan. puput pinrateka ring kahyangan ring are ping gedong sinapa. mangkana wenang kramanta kayang kawekas wekas, satereh terehmu, teka wenang kita angaduh panganugrahanku, aku paduka bhatara ring bhuwana kabeh’.

mangkana wakya bhatara, muli antarlina pwa bhatara, umantuk ing kahyangan tolangkir. nahan prastwaniya nguni. katakana sira bang bali bangsul muwah, sasuksman ira bhatara, tan pira magirang tuwas wetning sampun uwus kinasungan anugraha, byakta salila pwa sira, nanging ana kari sangsaya ing manah, praptin ikang wong airlangga amuru, ya etun ing sira muwah anusup, abayagan madyan ing kanan, annuli irika pwa sira anatunaken padukuhan, purwan ing giri kehen, apan atisayang tistis asamun. yan pra kunang lawas oneng padukuhan, sayan akweh wong ungsen ungsen prapta, jenek pada agawe kuwu, celaki-bi, pada atisaya amabekin, ginawe janggala muwang sawah. makadi anangukaen desa pakraman, wekasan wus dadi ikang desa, ya etun ing ingaran ika tinewaken, mangke ngaran karangsuwung. mangkana caritaniya nguni. kunang apan uwus genep ika desa pakraman, tapwan waneh sira kapwa bang bali bangsul, maka kapalan ing ngara krama. wekasan angalap ta sira rabi, to sing pulina bali, maring karangsuwung, ye maka wredyan ing wangsa, prati santanan ira wekas. mangkana kalingan ika, rengakena kata sekarang. (mantra, tidak diposting). renga ta carita waneh, ana pwa ya wuwusan ing kuna, abhiseka dalem ngaling, saha panengah dalem kemoning, sira kaputra de bhatara brahma wijil ing payogan, umetu saking sariran bhatara catur muka, ya etun ing anama dalem kemoning, sira ta jumeneng ing bali aga, katekeng nusa kambangan. pira ta lawas dalem kemoning amukti, i wekasan tumuli sira anuwuhaken wija, kakung swiji, listuayu paripurna, abhiseka dalem sukahet. kunang lawan ira dalem sukahet amukti, wekasan naler pwa sira asusuta laki sawiji, paripurna ring rupa, sira ta apuspata dalem dhibyoma. sira dalem dibyoma malar anuwuhaken susuta, laki laki paripurna, apuspata sira daelm kilap, saha panengah dalem nusa. sira dalem kilap prasida nggemira titis dalem ngaling ing uni. nahan kacritaniya ring usana, ya kaweruhankena. sangmangkana.

wantukane tang tatwa, cinarita muwah, nguni sira bangkara, asuta pwa sira, kang apenelah sutan mantra, ya kang kapingarep, malinggam ing nagara airlangga. kunang sira suta mantri, masantana pwa sira bang bali bangsul, ri wekasan, masantana satrya surya. muwah satrya surya masantana pwa sira satrya pempat. sira satrya pempat masantana sang arya tatar, maibu ayu ngurah kembang kuning. kunang sang arya tatar, neher arabi, apuspata i dewa dandang gendis, i wekasan tumuli asantana sira ingaran patih bali, i wekasan angalap rabi asantana pwa sira gunung nangka. kunang sira wesya gunung nangka, tumuli angalap rabi, asomahe karnawen brit. pira ta kunang sih sira akuren, anwekan raga raras ing paturon, ri wekas santana pwa sira enem diri jalu-jalu paripurna. patunggalan ing ngaran, kang atwa ingaran pwa sira i pande bang, i pande gading kang jaruju, ingran i nyoman gebug basa, muwah sang ing wekas, ingaran i ketut pasangan, muwah sira sang ari apenelah pwa sira i pande cameng, muwah sira sang ing untat, ya ta ingaran i pande kapuji ring bali bangsul. sang mangkana samodayan ing sutane sira gunung nangka, awetu saking abibi brit, mangkana kalingan ika. ya ta prakanggene sing bangsul, ayapa ta i pande bang, i pande ireng, i pande gading, apan sira kang katiga, pradnyan sirang aji, angular dasa sila, weruh pwa sira lawan nya winaya. nahan kalingan ika maka nguni, apan sira sadaya, mula paterehan bang kabrahmanan, maka kumaliliran sang mpu sandang suwungan nguni mwang mpu buhung buhungan, titis ira de paduka bhatara brahma nguni, tekwan apan sira bang kabrahmanan kayogyana ta sira mahening hening, anyaluk kabrahmacaryan. mangkana kayogyan ika, sapratisantanan ira kabeh. rengan pwa iki, inguni ena ling ira bhatara brahma lawan sang bhujangga brahmana, ksatrya, wesya, kita sadaya, rengwakena udesan ing ngulun mangke, wetune sira apande abang, sang akewen de sang ratu mangke, amawang rat, mula tistis ing ulun, mangke kita sadaya aywa predo lawan santanan ngulun. kunang yen sira predo, kang sinalih tunggil, tan wun kita kena sodan ing ngulun, susud ing pamuktyan, katekeng sang para punggawa.kengetakena pawarah ingulun mangke, ingulun bhatara brahma, apan ingulun prasida nyantanayang kita kabeh, awatek ing brahmana bhujangga, ksatriya, wesya kalinganiya, upamaniya tunggal.

i pande gading, apan sampun kapratista munggwing gegaduhan, ya ring piagyem, mwah ana larangan ing inghulun, bwat linuputanken, lwirniya, yan hana santana ingulun sisip, orat pati, kayogyaniya wenang tundung salok. kunang yening sisip danda artha, ye wenang tundung salok, muwah yaniya sisip yogya tinundung, ya ta yogya kasinampurakena, mangkana kawenanganiya, aywa predo. kaweruhana iki muwah, kayogyane gegaduhan ya sira apande bang, sayogyane akahyangan gedong sinapa, kalinganiya, palinggihan paduka bhatara ring luhur, pajenenganiya, gedong sinapa. mwang parahyangan kamimitan rong tiga, mwang kamimitan rong tunggal, saha taksu, makadi sanggar padma, ya tam aka utamaniya, kang sinangguh pajenengan, nga. sinapa-sinapa aywa ngiwangin, mapalakena sodan ira sang hyang sinuhun. kaweruhakena mangke mwah, niyata nimitan ing sinangguh i pande bang, i pande ireng, ipande gading, ya ika pidartaniya, maka jatiniya saking paparaban. upamaniya kaya i pande bang ngaraniya, kang sinangguh prakangge dening dalem nusa. angamong tirta pawitra, makadi angamong saraja druwene, druwen ira dalem nusa. mangkana kapradataniya. kaweruhana muwah, nimitan ing kawitaniya sira pande bang, sah saking majapahit kapwa nguni, turun maring bali, angungsi kakinik ing bali kidul, tumurun pwa maring silayukti, jumujur angalor, awasana pwa sira maring swecapura, nga, gelgel. irika ta sira pande bang angawit anangunakena kahyangan dalem, puseh, bale agung, etun ing sira pwa kayogya maka jan banggul ring kahyangan tiga, makadi dalem, puseh, bale agung, ya etun ing aparab ki panyarikan. i pande ireng, kunang i pande gebug basa, i pande gading, yapwan angamong lungka-lungka, maka nguni angamong toya pawitra.

ya ta malih panugrahan dalem, i pande bang sira pamangku ring pamarajan, ya etun ing kapuji maring bangsul, maka pangulun ing desa ring bali bangsul. i pande bang, i pande ireng, i pande gading apan sira treh ing kabrahmanan, etun ing yogya mahening hening, manyaluk sasanan ing kabrahmanan twin kabrahmacaryan, wus saking panugrahan ira sang hyang brahmagni, atindih maring gagaduhan pyagem. nihan malih kaweruhakena jatiniya tunggal sowing-sowang, ki pande bang, i pande ireng, i pande gading, i pande gebug basa, tuhu sakeng paparaban muniya pande bang. kaweruhakena malih, uwus ta sinidhikara lawan wah, apan bibiniya saking wit brit nguni, ya maibian ing kabina bina pratekaniya, ulih bibi kapratekahin, katuturaniya, nga, nyawina. mangkana caritaniya, uwus kaprasapta ring pyagem jati, satindak tandukniya i pande bang, ki pande gebug basa, apan sira prasida prakanggen dalem mapuri ring klep, angamong salwiran ing raja drewe, yadyapin salwir ing katumbas mwang ngastiti ring kahyangan. apan dalem prasida ngawiwenang pati kalawan urip. yan ring puseh prasida dharman ing jagat. kunang yan ring bale agung angamong salwiran ing who-who, mangkana kajar ing aji, ya etun ing gemuh ikang nagara karma. kunang sang anyakra gumi, wenang ngastiti kaluhur. sang pamangku ngastiti ring kahyangan, ring pangulun ing desa. mangkana kayogyaniya, nimitan ing jagadhita tang buwana, apan tan waneh margan sang ratu lawan ikang loka. tan bina kaya lawan acala. luwir pendah sang ratu ukir mageng, ikang jana trenaniya, etun ing kadbhuta, apan sang ratu rumaga singa prabhu, angamit ikang wana ukir aman ikang bhuwana pinaka alas. mangkana padan ika, apan saheka praya maguru siwa, tangeh yan wuwusan, mangkana patemat ing sasana sang ratu ing yawa rajya, nga, majapahit. kunang yan ring bali bangsul, warahakena mangke, sang ratu mayadenawa, uwus mangkana ratu masula masuli, tumutur sang ratu bedahulu, pegat mangkana, sang ratu samprangan, dalem kepakisan. mangkana kacritaniya sang ratu ring kuna bali rajya, wakena talin ing pangrenga.

Ring usana sapenyeneng ira dalem mayadenawa ring bali rajya, dadi pegat aci-acin ing desa, ngatemwang ring luhur. Dadi apunpun awatek bhatara ring bali lawan sang para bhagawan, tan waneh pragonitan ira dening pegat ikang pangaci. Apan wimoha de sang ratu mayadenawa, pada kroda si bhatara ring bali, makadi bhatara ing tolangkir, lunga maring jambu dwipa. Tan katan margan bhatara. Wuwusan sira mpu kuturan, lunga amarah marah desa, asing desa kaparanin, adadawan akarya laluputan mwang gagaduhan, prasida amatu tampagin lwirniya, tan yogya anglali ngastiti ring kahyangan. Kunang yan lali angastiti kahyangan, makadi ka gunung agung, ya kena sodan ing dewa. Gelis ikang tatwa carita, tumuli kagebug sang ratu bali sri aji mayadenawa, de watek dewa-dewata, makadi bhatara indra. Enti ramyan ikang yuda, yaya sagara apagut, nempuh lambung ing acala, dening kawiran ira patih kala wong, angadwaken bala. Etun ing tan pengen kweh ikang pati, yaya gunung kurapa, asaharaswanita, tengeh yen wuwusan ikang laga. Apan sampun kapratista munggwing usana bali. Mangkin gelis ing kata carita moksa pwa sira raja mayadenawa, pejah I kala wong kena cinakra de bhatara indra nguni maring pangkung patas. Nimitaning ana tahulan I panguluning jurang patanu kena sinapa de bhatara nguni, mangkana caritaniya. Kunag ri wus ing perang, ye etun ing ana tinawaken mangke, gagaduhan mwang laluputan, awig-awig, jajeneng, jaksa, batu tumpang. Sawusan rundah tekeng Negara bali ring usana, pada sampun umungguh maring lepihan, raja purana mwang gagduhan kaliliran.uni tinewa mangke, sahanan ing agung alit, taton kawenang angladin, ngastiti mwang angaci-aci ring sad kahyangan, apan lewih upadrawan ing desa, ana kalingan ika. Kaweruhana malih kang sinengguh kapuji, babali ring kahyangan, asrama araman, rejang, tabuh swara, renteb swara, kalinganiya iku uttamaniya, ring sad kahyangan, papaundutan utawi papendetan agung alit.kunang kacarita ring ling ing pamancangah, sira ki pande ireng, I pande gading, ki pande gebug basa nyamput. Kacarita I pande abang masantana kalih diri, laki-laki paripurna, patungalan ing aran kang matuwa ingaran I pande sakti, kang ari apenelah I pande bagus.

Mangkana saprati Santana Ki pande bang. Katakana sira I pande ireng, sutan ira jalu sawiji, listuayu paripurna, ya apanelah I pande cameng, memper nama sang bapa, ya kinon de aji angamong taman. Nguni muwah ki pande panyarikan, asuta ta pwa ya 3 wiji, jalu jalu paripurna, tan katakana tekang wadu, atunggalan ing aran, kang panwa ingaran pwa ta ya I wayan pung, kang panengah ingaran I made truna, tan sapirapekik ing warnan ira, yaya betel ing surat, ya ta pwa ki made taruna kinon de aji angamong siwa, pangawin mamas mas. Kunang kang waruju inaran pwa I nyoman liyat, pantes pwa sira ingaran mangkana apan sira bagus, celang yaya kidang anongklang. Katakana mwah I pande gading, asuta pwa ya 2 wiji, kakung paripurna, kang panwa ingaran I wayan sahib, weruh ing naya winaya ta pwa sira, kang ari inaran I made sepit gunting, pangeran pwa sira, kuncrit ira panjang. Kunang sira I wayan sahib, imnugrahan ya de sang amawa gumi, angamong palinggihan sri aji. I made sepit gunting angamong tirtha pawitra, maka padyusan sang amawa gumi. Samangkana samodayane prati santanane kabeh. Sampun sira mawreda, tineher pwa sira brata, ahening-hening anyaluk brahmacari, ngaliyon angungsi rasan ing don, apan sira ki pande bang maka cudamaniyan ira kabeh. Mangkana kacritaniya. Kaweruhana muwah, I pande panyarikan, ki pande cameng, I pande gading, ya pwa tunggal bibi pwa sira, marapwan para Santana pada weruh lawan kawongan ira kawekas-wekasan. Nihan waneh, apan sampun pada adudwan-dudwan gagaman, kinugrahan de sang amawa bhumi, tumuli ananguaken panti, maka palinggihan ira bhatara kasuhun, kayogyaniya angangge pahica panugrahan bhatara nguni makadi kawitan. Siningsung de sasanak ira kabeh, dadiniya nora kabajrawisia de bhatara. Apan sampun putus ing wara nugraha sami, kapratista munggwing lepihan prasasti, nga, piyagem.

Sinungsung dening prasantana sanak ira sadaya, katekeng pratisantana kawekas wekas, turun tumurun, aja angimpasin, wetning dahating utama, sanmatan bhatara kasuhun, kaya iki, mahurip gedong sinapa, waspadakena. Kaya iki delengana panyungsungane sira pande bang, maka pangastawan ira pande bang, ngastiti ring kahyangan, tan sah angastawa sang sang rumaga atisayeng lewih ing adnyana, makadi paduka bhatara kasuhun mwang pagniswaran, saking pahican ida bahatara kasuhun, ya ta kaliliraniya wenang panayuhakena don jati. Kunang pujawaliniya, ngatiban, kalaning purnamaning kapat. Ngastawa ring gedong sinapa, sareng sapratisantana samimangawit mangawit ri pahyangane mwang pagniswaran, mapareng pahican ira, sang aparab mpu lulumbang, duke nggawe tang piyagem, ya iki ne yogya tindih maring kawitan maka pangarep agniswara. Makadi gedong sinapa, embaniya delengakena aywa ngimpasin winwaspadakena. Tingkahing kahyangan aja angiwangin, den pada pratyaksakena rupaniya mwang wawangunaniya, ya delengan den pasti, maran sampun angawu awu...mantra tidak dipostig.
Mantra tidak diposting.
Mantra tidak diposting. ….niyan kaweruhakena prastawaniya, marman ing ana tinama pahican ira mpu lulumbang, tinawaken mangke maring jawa bali bangsul, nihan pwa takicarita. Nguni sira mpu lulumbang, duk sira kabanda saking pangutus ira sang prabu airlangga, apa dumehniyan, sawetning sira mpu lulumbang, wanged ing akarya lalandep, nguniweh sarwa praboting manusa,lewirniya blakas, timpas, madik, kandik makadi tambah, kikis, kang sinangguh prabot kabeh, awasana ta ya nimitan ing wadwan ira sri aji airlangga, aperang lawan sanak amisan, miwah kadangiya tunggal.

umewuh ta sira sri aji airlangga, yan angrasana ulah ring janapada wetune ana karungu de sang prabu, mimitaniya sira mpu lulumbang akarya lalandep, etun ing ikang bale aperang. mangkana kalingan ika, marwan ing pwa sira mpu lulumbang, akon binandakena, sinakit nakit pwa sira, tur giningsiraken ri salwan ing adri wetan, nga, galogor, katekeng saprabotniya palu, akarya lelandep sadaya saha timpas, blakas, prasama kinon anggerit, umawa maring galogor. mangkana ta caritaniya. ana sutaniya de mpu lulumbang sawiji, atisayang malewih , abhiseka pwa sira mpu bhujangga kasyumanis. duk ing mangkana, sira bhujangga kayumanis, tan ana ring pangrehan, kalah ira anangun tapa, ayamakena sukaryan ira, apande besi. yan sira ana ring umah, meh bubur nagara airlangga. tekwan muah mimitan ing sira mpu lulumbang, kena binanda pasa, saking wawadul ira, nga, sinangguh weruh, umaturakena lawan sang prabu, marman ing sang sri prabu anadi ta sira kroda, akon binanda pasa sira mpu lulumbang. kunang ature sang sengguh weruh lawan sang prabu, purun angapituwi, tahu sira mpu lulumbang, angwangunaken perang wadwa sang prabu apan sira tan pegat akarya sanjata, ya dumehniya sang prabu kroda. mangkana kalingan ujar nguni, dumeh sira mpu lulumbang binanda. yan pir lawas ira sang mpu lulumbnag binanda oneng galogor, apan panindan ing atitah, dadi katakana sira sang prabu lara gering tan wenang sinambat. telas sahanan ing para osadi, para sadaka sakadi danghyang purohiton ira ananbanana sira, tan ana anarasin, atisaya umewuh ira sang prabu tan sah sumenel ing purakreti, kaya awewah-wewah latan ing sarira, tangeh yan wuwusan. katakana sang tandamantri, makadi rakryan patih angabehi, parabekel, ahum maring pangastryan agung, pada aptya umaraka sang prabu, sawetning sanghulun umangehaken lara tibra. sapraptan ira kabeh anembah i jeng sangulun. ling ira sang prabu: “prapta kita kabeh matrin ingulun, lah alungguhu kita sadaya”. anembah sira rakyan patih : “sadaya paduka parameswara, wineh awelas during marma asih”. ling sri aji : “duh..tuhu kapo kadi ling ta kabeh, lah pada rasankena, ndi ana maka usadaniya”.

Umeneng ta pwa sang para tanda mantri kabeh, tan asuwe laju ta pwa sira kruna patih umatur : “singgih pakulun paduka parameswara, ksamakana atur patik aji, yaya kadi anasik ing jaladi yen kopama, wetning apti papunguwa”. Ling sang prabu: “aywa kinubdeng manah, warahan ngwang duga-duga, lugraha ingsun, aparan tinarka denta”. Atur kryan patih; “pakulun paduka prameswara, yan cinipta dening ulun, nimitan ing tan an arena sih lara paduka prameswara, Manawa wetning mpu lulumbang, binanda pasa, apan ila-ila anandana sang putus. Mangkana jar ing aji”. Kapinih tuhu dening sang para mantra sadaya, apan misinggih ature I senggu weruh. Ling sang prabu : “kaya ujar ta sadaya, po kita patih konen mangke, pun senggu weruh, lumakwa adan sinanmata lawan ksama, umarekang sang mpu lulumbang, aninggalakena bandan ira lawan aminta pinrayascita panglepas ikang sabda”. Anembah sira rakryan patih, aminta umuwit, neher lumampah, tan konengeng lampah nirang marga, saru praptaring pagrehan sang senggu weruh, sinapa dening ki senggu weruh: “dating pwa sira rakryan, yaya aprana-gati”. Ling ira rakryan patih: “singgih nimitan ing ingsun dumateng ing senggu mangke, manira kinon de sang prabu, didiniyan sira lumampah, aminta ksmakena lawan sira mpu lulumbang, mareng galogor, lawan sira senggu weruh, apan sira senggu weruh, nimitan ing binanda, wenang kita anguculi bindanda, makadiniya aminta prayascita, anglepasaken mala, daera kita weruh aminta-sanmata. Kunang yan tan warasa sang prabu, kita maka paselangniya, teka wenang linebokaken maring samudra, dosane awadul, lah mangkata ta mangke”. Pan mangkana mulingga pwa tingal ira sang senggu weruh, mitahan ring baya, tar wihang pwa sira kinon, naher sira lumampah, sesek ikang swacita .” paran ta den ingwang mangke”. Tan katakana lempah irang awan, angelis ri kahanan mpu lulumbang. Kunang sapraptan ira yaya kahisin-isin pwa sira, aneher umatur lawan sira mpu: “singgih mpu ku daweg kasmakena manira, aneda luputa, geng rena sinampura de sang maha mpu”. Kunang ling ira sang maha mpu: “sadera pwa kita, rasanta tatan ana wihang”.

cintya maha prabawang tekang adnyana, tan kahanang maletuh malilang kaya madya ing udadi. irika sira senggu weruh umatur muwah : “singgih sang maha mpu, pasang tabe manira, yan anguculankena mangke banda sang maha mpu”. nuli tinatas tekang pasa, malilang luwir sinapwan, cita sang maha mpu, tan kahenan maletuh, nanging tan surud kapwa sira nangunaken brata, ayoga samadi, kadi ring nguni, tan sah apande wesi. mangkana kalinganiya ri sang mpu lulumbang. sira senggu weruh ta ucapan mangke, tan mari pwa sira, ana maka irang irang ing sanah, ya etun ing sira sang senggu weruh, sgrehan katekang sira rabi, amurang-murang sah saking nagara jawi airlanggya, anyujur angungsi nagara bali, nahn kalingan ika.wuwusan ta sang prabu muwah, sang angamong lara tibra, sasampun ira sang mpu lulumbang inuculan saking bandaniya, kewala ana samatra, kadi maron pwa laraniya, sadidik, ya narman ing muwah, kinon sira rakyan patih lumampah aneda ksamkena lawan sang mupu lulumbang, maka aminta prayascita.matirtha, maka sudhan ing lara pataka. tan lingen lampah sira rakyan patih ring aran, agelis prapta ri kahanan ira sira mpu lulumbang. atur rakyan patih: “sadaya maha mpu, manira kinon de sri aji, aneda tirtha pawitra, maka sudhayakena lara sang prabu, apan sang prabu, tinekan lara bara, gering tan kena sinambat, mangke tulusakena dreda asih sang maha mpu, aningalakena lara sang prabu, amak prayascita ira, manira kinon lumaku, aneda ksamantawyakena”. ling ira sang maha mpu maha pandeya mpu lulumbang : “sadya ki gusti, aja adadawan, weruh pwa kita ingsun, sotan ing kawana. nihan ana talaga tan embah, tan palwah, ana ta iwakniya sawiji oyeng madyan ing kanana, ika nga, tirtha pawitra, yam aka sudayakena, ya ta papametakena mangke”. neher lumampah rakryan mareng madyaning kanana, wasana kapanggih tekang ranu, tan simpang kaya ling sang maha pandya. ring telenging ranu, shiai kunapan ing wang sawiji, sedeng amis durganda atisaya, kapwanta sira andudu, niscaya sira animbana, malar tinibakena

wetuning geng takutniya mintya ujar, tan dwa lumarisa anglintang awan, kapanggih wangken ing asu maring awan, aneher tinibaken tang tritha ring wangken ikang asu, awasana mahurip ikang asu tur malayu, sinarwi anyakal. irika tuwase rakyan patih, katekang wong sira madya, tumon kamahatyan tirtha, muwah sira mawantu, apti anata tirtha muwah, dadi katemwa tirtha malih. ya marwan ing awali sira muwah, ri kahanan sira mpu lulumbang, awaran swajatin ing laku, adyata lingniya nihan “singgih pasang tabe ya ta manira mpuku, anulake manira mangke, sawetning kahinan ing pwangulun, ya tirthawehsang pandeya kang pinet don ingwang wahu, telas tan ana kari samatra, tiniba de pwangulun ring dalan, apan ana wangken ing asu katemu, ya pwa tinibaken manira, mangke de palaba adnya sang pandeya, asungakena manira tritha sawah, maran ana katura ring sri aji airlanggya, maka panyudan ing mala” sawur sang mpu lulumbang “sadnya ki gusti, walwi mantuka mangke, umaturakena lawan sang prabu, tan ana tirtha mwah, waras juga sang prabhu” nuhal ling ira sang maha mpu lulumbang, umedal ira rakyan patih, aneher sira amwit mulih, tan lingan pralampah nira, saksana dating pwa sira maring kadatwon, anembah ing aji, katur saparipolah ira nguni, makadi ling ira maha pandeya, tusta rena sri aji angrenga tan ana simpang kadi ling ira sang maha mpu, tan anganti tigang deniten, waraas pwa sang prabu kadi nguni, malilang tekang adnyana. tekwan sawaras ira sang prabu, tan sipi magirang twas ing jana-loka, sapunpunan ing airlanggya.yan kari pwa senggu weruh oneng yawa daha, meh linara-lara pinejahan, mangkana caritaniya. yan pira kunang lawas ira sang prabu, sampun awaras amukti restin ing kahyun, ya nimitan ing ana arsan ira agurwa lawan sang mpu lulumbang, apan atisayeng acintya maha prabhawa. tumuli sira sang prabu inuring dening bala mantri, lunga mareng pasraman ira sang mpu lulumbang. tan katakana lampah nirang awan, sadateng nira, kagyat sang maha mpu tumurun kapwa sira, inaturaken sang prabu alungguha. kunang sampun sira samalinggih, anapa napa sira sang dwija, wetning prapta sang prabhu, kaya ya pranagati.

ling ira sang prabu “singgih sang maha muni, tan iwang kaya andika sang maha muni. wetning anak ira dating marangke, tapwan waneh anak sang maha muni, aptya aneda sinanmata asurud ayu lawan pada sang maha muni, tulusakena dresashita ri kadi mami, tinapakena mistaken ing ulun, maran ana sih wara nugraha kalan ing ulun mangke”. sumahur ta sang mpu lulumbang “sadnya ta sri parameswara ulihakena tang hredaya aji, tan kawenang kadi ki prabu asurud ayu ri hong manira, tan lingen lawan ala ayu ing praja, apan kramaning kadi kita prabu, angungsir suka wibhawa, tulya angungsi wisya ya pinahan juga rumuhun, apan dharman ing kadi kami amagehaken kanisresrayan, wenang aninggala kadaton, mangkana ulah ira sang menget ring sarira”. “sandya sang muniswara, dyapi mangkana kaya linganta, aninggalaken kadaton, manira maneda bhawa cakra sang muni”. umatur sang mpu lulumbang “singgih sang prabu, yen kedeh karsa parameswara, brahmana aji tumut kaya linganta, apan sakeng wara nugrahan sang prabu asewa ayu. anging darakakena manahta aywa ima. anak sampun angiringa manka payun ikang alapakena.” wekasan ana ling ira adi guru, apa ta lwirniya nihan “duh nanak mami sang prabu, rengakena udesa kami mangke, kita nanak akonakena de ramanta, ayoga mangke, anyatosangapa ri nalwin ing kidul, nihan kramanta ayoga mangke”. atur sang prabu “ aneda ngiring ranak maha mpu”. neher tumuli sang maha muni ayoga, tan kurang ing parikrama, sauwen denira ayoga. tatan ana pawarah sang sinuhun lawan sang pinaka sisya. alama denira sang prabu, anganti anyantosagama maring salwan kidul, malar tan ana ling sang maha muni. ya etun ing umarek lawan sang adi guru, laju pwa sira umatur “sadnya sang maha muni, aparan etuniya tan ana wara nugraha sang sinuhun lawan kadi kami, anggen pwa den nanak ira anganti”. ling ira sang maha guru “pamuliha ta kita nanak prabhu rumuhun, ana panugrahan sira raman ira”. apan mangkana umantuk sang prabhu mamwat ing sang adi guru, neher sira lumampah iring-iring ing bala mantri.

tan koningang lampah nira ring awan, agya prapta aneng pasaban, tumuli araryan, inuring-iring bala mantra ri baneng taru wandira areneb, apan irika kayogya pasayuban ing wang kapanasan. tan lingen pagonitan asya krana sang prabu lawan sang mantri, wekasan ana ling sang prabhu : “ai patih lah rasanana mangke, umarek lawan sang abra sinuhun, aneda lugraha”. tar wihang pwa sira rakyan patih kinon, amwit tumuli mangkat, saha anunggang kuda, saru dera lumaku. tan koninga lumampah ira sang pinaka duta, katapakena sang prabu lawan lebar tangkilan ira , sang mantra pada angungsi kuwuniya sowing-sowang. kunang snag patih mantuk ing pura, sinungsungan de para biniyaji, tan lingan margan ira pasotan ing ratu mahotama. katakana mwah sang pinaka duta, sadateng nira laju pwa sira umatur lawan sang adi guru “pasang tabik pwa sang patik maha dwija, wetning kinon umatura de sang anak, aparan nimitan ing duran ana sinanmata sang maha muni, sukma cintya lawan sang nanak”. asemu kagyat sang adi guru, ling ira “aih..patih uwus ana panugrahan ingulun lawa nanak prabhu, kunang yan i nanak predo, ana taru waringin aneng pasaban, ya takwanakena paweh manira”. sumahur ta ya apan dahat ing mapingit, lah patulakakena mangke. garjitata sang patih, tumuli amwit kapwa sira, walwiya mantuk ing pura. sadateng ira kang patih, umatura lawan sang prabhu “singgih paduka parameswara, ana rakwa sampun paweh ira sang abra sinuhun, dumatanga sri maha raja aken tumanyakena kang taru waringin”. ling ira sang prabhu :huh..yan mangkana, daran paparanga tumakwena tang taru waringin”. tar wihang kapwa sira. tumuli mijil sang prabhu, inuring de rakyan patih, tinakwanan tang taru waringin, sumahur sang taru wandira “yan sampu anan ing pasung sang pandya lawan sang prabhu, aywa sangsaya, uwus tiba ring angga sang prabhu, aksara tri tatwa juga.

mangkana linging taru waringin, tan sipi suka sang prabu angrenga tumuli mantuk umanjingeng pura. mangkana kalingan ika, etuniyan ana pasung ira mpu lulumbang lawan sira pande bang, tinami de saprati-santanan ira, tinewaken mange. nihan kramaning anglepasaken ring kamoksan ri kalaning kapejahaniya, lwirniya : tirtha-tirtha ategen, madaging paripih, mapangelem mas (mantra tidak diposting). iki pinulah, ma, ping, 3, lewih panyadma kajarniya, sekala niskala. puput ring mantra pabresihan sang hyang tanu, tan liyan ida sang hyang kasuhunan, asung panugraha iki aja wera. apan dahating mahotama, sama lawan wedha, wedahan ira sang patut ing sang sujana, maka pangesengan, sarana prapak kloping nyuh gading. elingakena gagamane dening pande bang, angrasuk, paniwin ing mamande bang ing nguni, dumehniya tan kayogya angiwangi gagaman. tan yogya nggamayang ne tan yogyagama, kengetakena tutu raja lupa. kengetakena mwah, panganggeniya, kalat porong, satus akutus, yapwan kayogyaniye, panganggeniya i pande bang sarwa epo sarwa petak. kunang ala ayu karyaniya pupute ring pangabaktyan. kunang mwah yaning puja wali ring pangabaktyan, maka utamaniya nyumpna, mangko kayogyane, kraman ira sapra-santanan ira sang mpu buhung-buhungan, pamatolan pwa nggeh ira, tinewaken mangke. mwah saturun-turunan sang mpu sandang suwungan, ya nedel pwangguh nira tinewaken mangke. sira ta sang karwa, maka pralinggan ing munggwing pralapita, sira ta kinanugrahan de batara brahma, tumutur katekeng prati-santana tinewaken mangke, anggaduh karma-kala kahuripaniya. makadi angaci-aci gedong sinapa ring kahyangan, aguru tiga, aguru tunggal. puput pangacine ring gedong sinapa duluriniya, gunung agung, gunung lebah

wenang ta sira anuhur dangacarya, angaturaken amutus aken karyaniya samatuh ing kahyangan, urip katekeng pati. mangakana pangurahan ira, batara brahma, aywa predo, den paleh-palehan, aywa angawadanan, apan kita santanan ingulun, tuhu titis ira bhatara brahma. rengan ta malih, sira mpu buhung-buhungaan, amredyaken santana, wekasan turun pwa wangsan ira dadi pamatolan kaprabalian ira, ana wijil ing kapurusan de pamatolan pwanggeh ira, sira inaran patih bali, ya ta mijil ing kapurusan, nga, atisaya kadibyan ira, sarwa sastra suksma, telas karuhun pwa den ira lwirniya: kasunyaten mwah japa-mantra, puja, sloka, sruti, apan sira kadyatmikan sira patih bali bang kapwa sira, maka nguni sira ta mawa panugrahan kaliliran ira iki. pustaka purana, maka unggwan ing hyang widhi. pustaka purana, pahider-ideran. pustaka kaja. pustaka paryagam, pustaka sloka sruti. pustaka gong pangkur, gong sinoma gati. ana malih wirama masahih sasolasan, ya maka marga sapta marga. mangkana margan ira paduka batara brahma, tumutur katekeng pratisantana, santana kayang wekas ing wekas delaha, satereh tereh mpu buhung-buhungan, makadi mpu sandang suwungan, kang sinangguh wangsa pamatolan, mwang pedel payuwungan, cemeng mwang mawang. mangkana carita katatwaniya. apica. pratyaksakena mwah, nimitan ing tan patirtha ring pandita, nihan prastawaniya, wakakena talingan ing pangrenga. ing nguni kawitanta, kang apuspata arya natar, sira ngemban linggih padanda, sang aparab padanda gde kedaton, ya ta inabih de sang tatar, kalan ing pada asuci, maka nguni kalan ing abogha. dadi si arya tatar, kadi prasangga lawan padanda, ingaturaken wainikang sagara, ye etun ing padanda kroda ada bhasama. mangkana kalinganiya nguni, marman ing ki pande bang, katekeng pratisantana, tinewaken mangke, tan ana tirtha ring sang pandhita, apan luputniya nguni, angaturaken wain ikang sagara, nahan ikang carita.

kaweruhakena muwah, kramaniya mangke, toya ika ri gedong sinapa, wantah sategen kang utama. luwirniya: suci panglepas, sang pustaka asoroh, pras, penyeneng, dandanan, tulung urip, daksina apasang, sasantun 1, canang sari, bebek aukud, ayam petak 2, ajengan pujungan 2, punjung, sasanganan 2, bokoran, rantasan apasang, saha menyan asep. kunang jinah ing sasantun, gung artha 15.500, aturana pangenteg. rihan kraman ing angaturaken. mantra . ika kapatyane i pande , anging ri kala nyisiyang watangan, kayogyane angungkap ulon, sapuput anunas toya saking luhur ring bhatara kawitan, ring gedong sinapa, mangkana kayogyaniua. kunang yan angurung watangan ring umang, kayogyaniya ikang pangangge roro, ya sinangguh dadagan. nga. kunang ri uwus ing ayaban, shepan ika wenang terag olih pranajaniya ring tebenan ing sawa. yan sampun mangkana, ya ta ngaran ayu pratakan ing mati, nora sukreta sang hyang pitara, mulihang suniya-taya, toyaniya puput ring pajenengan. mangkana kajar ing aji. kunang yan panangguniya sang mati,kawenang ingangge pada sara putih, nanging yan sampun patuwa ngaran dukuh. tingkah ing tatakang watangan ya wenang bedeg sudamala, maporong-porong satus akutus. kengetakena ri kala nuwunang sawa, ngungkab ulon, ten waneh kaya palekadaniya nguni. mangkana solahniya mulan ing tumuwuh, nga. mangkana uge pratekan ing mati, saprati santana apande bang, ki kebo cemeng, matoya saking kamimitan mwang saking pajenengan. toya ika sapuputa ring gedong sinapa, saha sekar sarwa putih, 11 swahan, canang sarwa solas. mangkana pratekan ing mati, puput sembahe ring pajenengan.

iki mapucuk, disolase puputniya,watanganniya tan ana malih sumbah, puput panyumbahe ring gedong sinapa.muwah tatakan watange, den ing klakat sudhamala kayogyaniya bekalana tekang watangan, artha 11, maka utamaniya satus akutus. kunang muwah lanang wadon, pada yogya amuji-muji maring pajenengan ring kahyangan. puputniya bebanten abatekan, prasida nunas toya pratekan ing mati, saha artha 1700. mangkana kaweruhakena, utamaniya toya ka tunggang, ye wenang arepakena, apan prastawaniya, toya baga purus bhatara, ametana toya utamaniya, suci, prayascita, saha artha 254. muwah iki kaweruhakena sapratekan ing saprati-santanan i pande bang, kunang yan nista pratekan ing mawa toya ring dalem mwang kamulan, makadi toya ring pajenengan ring gedong sinapa. muwah pangesengan watangan ring setra, kloping nyuh gading sakupak. mangkana pratekan ing mati, panugrahan bhatara sinuhun ring uni, tinemwaken mangke, kadi iki matra-matraniya, waspadakena. katakana muwah nguni, sira apande bang, kalan ira angucap-ucap lawan suta sanak, potraka makabehan, syapa ta, kang i pande gading, ki pande cemeng, i ketut pasangan muwah sutan ira ki pande sakti, ki pande bagus katekeng potraka, prati santana sadya apa ta luwiran ira: “sanaking ulun kabeh, katekani kita sutan ingulun, potraka makabehan, parekakena talingan ing pangrenga, wang atuwanta apti awarah-warah lawan kita kabeh.sawetning wang atuwanta uwus mapagah, manawa maninggali kita kabeh, pejah muliha ring suniya-taya, apan uwus ana cihna sang hyag urip maring sarira”. umatur sira pande sakti, sira pande bagus, sarwyanangis, amekul jeng ira sang yayah: “singgih paduka bapa, abagya ninggali paratra, apa etuniya, apan anak iraatisayeng wimuda, lawan potrakan ira, pada kari lare-lare sadaya”. sumahur nira sang yayah: “duh..mas ingsun karwa, sakti, bagus, aja angucap mangkana, kaya angmer lampahan sira manira, phalaniya sukerta sang hyang atma mulih ing suniyatmaka.ngelaken tangista, aywa lara, den palaliyakena, ndyata ya, apan mulan ing dadi, tan simpang ing suka-duhka, pati wekasan ika.

mangkana ta santanan ingsun kabeh,kewala ane pawekas wang atuwanta mangke, lawan kita kabeh, akwa ta lali ring sasana mwang kawangan, anyungsung paduka bhatara kasuhunan, sang luningga ring gedong sinapa, anutakena kadi ling ing titi gagaduhan, urip katekan ing pati, aja angimpasin. kunang yan kita lali anyungsung, maring kahyangan angiwangi parikrama, tan wun kena sodan ira paduka bhatara kasuhun, salampah lakuniya tan ana amanggih rahayu mwang kageringan, sugih gawe kurang pangan, anadi wang tani wang. apan dudu santana, nga. mangkana palane katemu deniya kita santanan ingsun kengetakena pawarah ingsun mangke, tutur tutur aja lali, warah warah uga santananta, didiniyan pada umengeta kalingan mwang kawangan, ta ya lingning titi gagaduhan, kaya ujar mami. "rengenta malih, prasasti, piyagem, pamancangah, ntas, nga. marga, tinga, patitis, nga. pamener, ya ta margane, wenang tutakena saprati santanan, kayang kawekas ing dlaha, marpwan apageh akukuh. piyagem, nga, piyanak, nga, saprati santana. punang cam, nga, cagaman mwang gagaduhan. kang ga, nga. dharma, sasana, kang dharma, nga. pageh, nga, kukuh. mangkana anakku, marman ing tan kawenang kadi kita, katekeng pratisantananta, tan yogya ngelidin gagaman. ne nora santananta, ginawe gagaman, ya kengetakena. pamancangah, nga. babancahan, nga. kang bancaha, ya nga. sasehan, mangkana kalingan ika". "kita apande bagus, kateken ing ki pande sakti, mangke dan parekakena kita talingwan ing pangrenga, yayahta apti awarah-warah lawan kita, apan wekas ing uttama". irika tumuli sang kalih, ki pande bagus, ki pande sakti marek ing sang guru, teher winisikan, tan ana winedar, apan dahat ing masingit ling ira, sang guru "anakku karo, aparan wus karenga denta karwa, pawisik ing ramanta". sahur ira sang karwa "singgih wus sinimpen de ranak ira, sumusup katekeng anta-hredaya". "anakku karwa, aja wera mwang sawuh, apan wekas ing asingit". "ananda ngiring siranak ira". ling ira sang adi guru "anakku karwa, apan wus ana pawarah ramanta, mangke ramanta asuci, ayapan pwa ramanta mangke".

umiring pwa sang nanak karo, tumuli munggah asuci, amutus, anganggo sarwa petak, tumuli sira yoga, angaturaken bakti sumace sang hyang suksma. uwus angubakti neher munggah ing pagulingan, ana ling ira mwah "anakku apande bagus, nguwineh kita pabde sakti, yadyan anak ingsun kabeh, katekeng pratisentananiya sadaya, tunggunen pwa wang tuwanta mangke, sembahen wang tuwanta, mungpung kariya urip, didiniya ajarigetan sang hyang atma mulih ing suniya-taya. tar wihang pwa sira kabeh, neher angabakti, sapara putra, potruka, sapratisantana. muwah wus ing angabakti, irika sang pinaka guru, anginkinaken raga, maring pagulingan, angregep angranasika, angesti sang pralina. nyakti tan simpang kaya lingan ira, tan asuwe, lengep moksah sang hyang atma, anuksma ring taya. nahan kacritan ira patine sira i pande bang. kunang satereh ira neher pinrateka inabenan do sapratisantanan ira kabeh, manut ta ya lingning titi gagaduhan. iki panugrahan ida bhatara kasuhunan, mangke katatwaniya marman ing tinewwaken mangke, tininceh tinular den ing prati santana sang umengeta sira ring sariramwang kalingan turun tumurun, sapratisantana sira mpu buhung-buhungan, mpu sandang suwungan, apan pwa sida tunggal, sira sang mpu karwa. mangkana gatin ikang carita. wentunakena tekang carita muwah, sapatilare sire pande bang, amuksane ring taya, kari sutan ira karwa, sumilihi sira, keng apuspata sira pande sakti, sira pande bagus, makadi prasida kang sinengguh paman ki pande gading, ki pande cameng, i ketut pasangan, ki pande gebugbasa, rumuhun pwa sira pejah. kunang salawase sira pada mukti sriya maring karang suwung, maka nguni mareng sweta-pura, ri wekasan pada werdi santana pwa sira sadaya, pada endah makurambeyan, tan ipal-ipal, sira pande gading, sira pande ireng, maka nguni sira i ketut pasangan, apan sampun pwa sira pada wreda, wetning magegan, tan asuwe pejah ta sira, mulih ing karang wayah sadaya, anut uri lampah sang kaka, sang sida amuksana rumuhun, anuli pinrateka kinabehan de prati-santanan ira sadaya. tan waneh pwa pratekaniya, manut kadi lingning gagaduhan, piyagem. mangkana kacaritaniya nguni.

kacrita sira ki pande bagus, ki pande sakti maka linggan ing saprasanak ira sadaya, oyeng karang suwung, maka nguni ring gelgel, yan pira kunang lawas ira ki pande bagus, ki pande sakti, maka linggan ing asanak ira sadaya, maring gelgel, mwang maring karang suwung, ri wekasan pejah pwa sira kalih, wetning uwus genep ing tuwuh ira, neher ta sira kalih pinrateka inaben de pratosantana kabeh, tan simpang kaya pratekan ing bapa nguni, manut ling ing gagaduhan, piyagem, maka larapan sira mulih ing suniya taya. mangkana gatin ikang carita, nimitaniya tinewaken mangke, angukuhaken pratisentanan ikanang prateka urip kateken ing pati, nagehaken sasana kaprabaliyan ira, nga, nyuwung, apan inguni ginawe tular. mangkana yak maweruhaniya sadaya. wantunakena carita malih, sira ki pande sakti, sira pande bagus kari ta sira ademit, tininggalaken den ing yayah indungniya, ya etun ing pabriyak pada manastapa, umesala pura-kreta tekwan sira sang amawa bumi, sayan tan umeling pwa sira lawan sira sadaya. ndyata dumehniyan, apan sang amawra gumi ratu waneh, sri aji kresna kepakisan, etun ing tatan wawa-renga lawan sapratisantanane ki pande bang nguni, ya marman ing pwa sira kabeh amurang-murang lampah, pada sah saking swecapura mwang saking karang suwung. kunang sapratisantane ki pande sakti, ki pande bagus, sah saking swecapura, angungsi angulwan, jumeneng ta ya kidul ing wanga bengkel, anampek ing puru tugu, ana asrama, ya etun ing nagara ingaran srianyar. wekasan irika pwa sira, atatanduran sarwa sredah, etun ing wekas inaran tang desa abyan base. kunag selamin-lamin ira adesa ring abyan base, pada werdi pwa sira asantana, tan ipal-ipal, neher sira anangun kahyangan panti maring gianyar. anyiwi kaliliran ira, pustaka, panugrahan paduka bhatara kasuhun, turun tumurun. yan pinrang lawas ira, ri wekas ing wekas muwah ta ya angingsir angawangun kahyangan panti. jenek maring abyan base, waluya kadi ring kuna. tan sah anyungsung kaliliran ira, pustaka japa mantra japa puja mwang gending, ya maka sasanan ing kawangan, pratisantanan sira pande bang, titis ira sang mpu karo, sira mpu buhung-buhungan, makadi sang mpu sandang suwungan, ing nguni. walani carita muwah, saprati santanane sira apande bang nguni, sahe saking pradesa karang suwung, ana sah ka pradesa kembangkocing, ana sah ka desa kulu, ana sah kapradesa camenggawon, ana sah ka pradesa badung, ana sah ka pradesa jemberana, ana sah kapradesa karangasem.

tangeh yan caritakena sah-sahan ira, apalarasan, angungsi desa paradesa, mangkane kata samangkana. katakana muwah ki bangsa prabali nyuwung, maring abyanbase, sama kaya ndah makarambyan turun tumurun, anyiwi kahyangan ira maring panti, tan simpang kaya ling ing titi gagaduhan, amagehaken kawangsaniya wekasan. ana sah sakeng desa abyan base, angalih pwa ta ya maring desa tedung, ana ta angalih maring desa salakan, mwah ana sah ka sading paling pungkur. mangkana kpwa dartaniya ring kuna, anaakena kata sakamantyan. delengan pwa malih, panganggone sira apande bang nguni, ya wenang tinindihaken de saprati-santana. iti piteges utama dahat, kaweruhana ateguh, lwirniya, iki den waspada. mantra telung soroh pratekan ing mati, prati-santanane ki pande bang, nista, madya, utama. ya ngaran tiga pasalinan ing mati. kunang yan sane matumpang, ingangge sarwa epo, tekeng bomaniya petak, singa petak, asti petak, patra-patraniya madyama saha palunganiya, wulat tutut aji, nga, aratuaniya ancur, manut klakat sudamala, porongniya 108, muwah bedeg sudamala, porongniya 108. mangkana pratekan ing ri kala mati. kaweruhan kita malih, ri kalan ing angaturaken puja wali, pahodalan ring kahyangan panti, yan mapadudusan, masorohan guling bangkit, 6 soroh, kang lalima manca warna, putih, kuning, abang ireng, mabrumbun. muwah banten pangenteg sasayut pangambeyan, pras panyeneng, katekeng ajuman 1. renga ta malih rikala angutangin bok, nga. apetik. upakarane, bras acatu, nyuh 1 bungkul, taluh 1 bungkul, biyu ahijas, lawe satukel, jinah 233. muwah pangurubuhan, mabras acatu, klapa 1 bungkul, antiga 1, psang 2 ijas, lawe satukel, jinah 233, sorohan guling bebangkit asoroh, malih bindu majaja 9. malih banten sasaren saha alutuh, masate, panyeneng, nga. kunang yen paling wayah kawijilanniya, tur laki, kayogyaniya maguling babangkit, nga. pateh manegen manyuwun gulingiya. kunang muwah yan pamade pawijilaniya, tur laki, maguling babangkit pangateh sategen.

Yan waruju, laki, maguling babangkit ategen. Muwah yan wijile ketutan laki, maguling babangkit, ategen manuwun. Tekwan muwah yan ing wadu paling wayah, maguling babangkit pangateh, manyangkil manyuwun. Yan nengah wadu, maguling babangkit manyuwun. Yan ing nyoman, wadu, maguling babangkit manyuwun. Yan ing ketutan wadu, maguling babangkit, manyangkil mayuwun. Mangkane kramane. Muwah tingkah ing pangantenan, babanteniya, nga. Barebwan, masuci maguling, madanan 7, masasayut pangambeyan, pras panyeneng, ajuman 1 katur ring pura panti. Haris ngabakti ngampak sangku. Muwah babanten pahumahan, nga. Lwirniya babanten pasaren, suci asoroh, mapalagembal, masayut pangambeyan, pras panyeneng, ajengan 1. Muwah banten munggah ka sanggar, suci asoroh sowing-sowang, ajengan 1 sowang-sowang. Muwah babanten ka pulu, nga. Suci asoroh mapalagembal, masayut pangambeyan, pras panyeneng, baywan abayuh, mwah urutan iwel mawadah paso. Mwah babanten kajinenge, suci asoroh. Mwah babanten ka pawon, suci asoroh. Malih babanten munggwing taretapane, masanggah dadariyan, malamak, masampyan, mabanten nasi kuning iwak sarin taluh, ajuman putih kuning maiwak kacang-kacang, sawur taluh. Mangkana karma ing kahuripan. Nihan malih ri kala mrateka sawa, ngaben, manyanin, puput ngaskara ring panti, bakaran 1 tanding, kawisan 1 kawis, karangan a karang, sasanganan lalawuh pada 1, malih nasi pangkonan 2 pangkon, mangka ring gedong sinapa muwah munggah ring gedong wanehan, ajuman pada 1 tanding, pada masanganan lalawuh. Nihan muwah bras pangrekayan nga. 6 wakul, ne sawakul dadi pangulu, mabras catur, pisang 2 ijas, klapa 1, taluh 1. Wakule sane 5 pada mabras akulak-akulak, pada madaging beras mawadah kojong, ya, nga. Pangrekyan, lwirniya, barak akojong, putih akojong, kuning akojong, brumbun akojong. Malih beras sokan 3 sok madaging 11 kulak suwang, matumpuk ika, maka 3 sok, sane pilih luhur kaya tingkah ing sasantun, klap 1 taluh 1, gula abungkul, basa-basa akaputan.

Malih daksina 2 maberas acehang 1, maberas acatu 1, maduluran pras panyeneng, canang, cegceg, kakecera 108. Malih suci 1 peras penyeneng 1, canang aled sibuh 2. Malih banten pamaheg 3 dulang, saha iwak selem kapir, maruntutan peras panyeneng 1, dananan 3, nasi pangkonan 2 pangkonan, kawisan 2 kawis, madatengan 11. Malih kawisan 1 kawis, pangkonan 1 pangkon. Mangkana kraman ing upakara. Yan sampun uwusan ngaskara, irika raris angupedesa, nga. Tatakan watangane bedeg sudamala. Malih canang pangreka 11 tanding sami warna petak. Ajuman putih kuning maiwak sarin ing antiga. Malih oton ing sawa, magenah tebenan watangane, lwirniya: sega pangkonan 2 pangkon, kawis 2, sasayut pangambeyan, pras panyeneng, ajuman. Yan sampun wus inatab, wenang tineragakena olih prasanakan, makadi pratisantana. Mangkana kramaniya, mapala bora sungsut sang hyang pitara, mulih ing karang wayah. Nihan babanten pangiriman, nga. Pamehag 2, putih 1, kuning 1. Kang kuning maiwak selem, kang putih maiwak kapir, muwah pujungan 11 tanding, sega pangkonan 2 pangkon, kawisan 1 kawis. Datengan 11 tanding maruntutan kawisan 1 kawis. Muwah canang pangrekayan 11 tanding, nanging sekar sarwa petak. Mangkana pratingkah kramann ing pati ring angirim. Wantunakena tekang karma muwah, tata kari urip, ri temu ikang carita. Yan wahu ngarbini, kayogyaniya magedong-gedongan, masorohan guling babangkit asoroh, masuci asoroh, mapulagembal. Malih rikala anyanyolongin, babanteniya, bayuhan 3 warna, bang, petak, ireng, iwakniya manuk. Rupan ing bayuhan, tumpeng 1, ajuman 1, peras panyeneng mapanyolongan. Nihan muwah babanten nyambutin, kayogyaniya masorohan asoroh, mababangkit matah, muwah babanten pasaren asoroh, guling pamapag 1. Nihan malih babanten babakulan, nga. Tingkah ing sasantun maberas acatu, pisang 2 ijas, nyuh 1, taluh 1, saha artha 233, lawe satukel. Malih babanten babakulan, nga. Sasayut pangambeyan, peras panyeneng, ajuman, saha jarimpen, anut ring dina pancawara, u 5, pa 9, pwa 7, wa 4, ka 8, anut urip jarimpeniya. Mangkana kayogya. Telas tingkah ing upakara urip katekeng mati, saprasaida sinangguh sapratisanan ira sira ki pande bang.

lingen muwah saprati-santanan ira ki pande sakti, ki pande bagus, sang angalih unggwan maring bumi abyan base, uwus pada umantaya sadaya, tan sipi pada kawredyan ing pratisantan ira kabeh, tan ipal-ipal, ndah sakarambeyan, asanak amisan, aming ro, aping tiga, aping pat, acanggah, acarang, apencer muwah ahijengan, tan sah pada manggeh anyungsung kahyangan ira, marin panti, pepek sapangacin ing puja walin bhatara, manut kadi ling ning titi gagaduhan, piyagem, angisti paduka bhatara kasuhun. makadi tan kurangan para karma, urip urip katekan ing patiniya, apan pada umenget kalawan kawangan ira, piwekas sang karamarana, ya etun ing pada amangguh ing parikrama lawan muwah manggeh pwa sira, anangaken maka pangadyayan, saka purohita, sumbu, jan banggul ring kahyangan, makadi aneguhi kawangsan ira kabeh, turun tumurun kaprabaliyan ira. iki wangsa panyuwung, ana ring abyan base. mangkana kramaniya nguni, etun ing tinewaken mangke. manggeh. apan inguni nguni inawe tular, mangkana po kita kabeh, saprati santana nywung, aja angimpasin kaya linging titi gagaduhan, kraman ing anyuwung kahyangan, yadyapin katekeng pari kraman ing kapejahan, muwang urip, aja ngimpasin. kunang ya angladi sasana kawangsan, tan wun kena sodan ira paduka bhatara kasuhun lawan kena brahmatyan ing sang kawitan ira nguni, poma, 3. aja lali, tutur tutu raja lupa. nihan kacaritaniya sang awangsa nyuwung ring bumi abyan base. ling sang kawitan ira nguni, apa ta lwirniya nihan, kamung santanan ingulun kabeh, awatek ikang sinangguh wangsa panyuwungan, rengwakena iki carita muwah, maran pwa kita pada tyaksa, lawan pidartaniya, makadi nora kasalimur lawan kula wangsanta delaha, apan wekas ing malawas, pada adoh dohan unggwan, ya etun ing sopana kita pada weruha, apan tangeh pwa sira paduka bhatara brahma, angadaken manusa loka. kunang praisantanae sira imabang, sang apanenggah cameng, uni sang as asana ring camenggawon, maka nguni sapratisantanae sira arya bambang, angalih maring sukawati. yadyapin sapratisantane sira arya patih bayung, sang as asana maring desa klungkung.

nguniweh sapratisantane siraarya abyan nguni, sang angakih maring desa abyansemal. sira ta prasama amawa kaliliran, panugrahan paduka bhatara kasuhun ri kala kapejahaniya. kajatyaniya tunggal pangadake de bhatara nguni, nga. apan sira sadaya katekeng kita, ya sinangguh akawitan tunggal, nga. ndyata, apan terah ira sang mpu catur sanak, kang apanengah sira mpu bang tawang, sang mpu pandya bang, sira sang mpu sandang suwungan, sia sang mpu buhung-buhungan, titis irra bhatara ring usana. tunggal pawijilan aran, potraken ira de mpu brahma wangsa, kaputra de mpu brahma kapandeyan ring nguni.mangkana kapidartaniya, uwus munggwing pratisantana prasanti. kaweruhakena kita kabeh muwah, maran pwa kita deb tyakas ring kadatwaniya waneh, apan akweh sahimper lawan pungkusanta, sinangguh awangsa pande, yadyapin awangsa bang, maran kita nora kaslimur. sakena talingan ing pangrenga, nihan uni ring asit kala paduka bhatara brahma ayoga, umetu manusa jalwistri, tan pira kweh tang manusa loka, awasana ana ginjal sawiji, tan ana pasomahaniya, kurang jalu, apan ta sira kari sawiji, atisaya manastapa ring manah lawan atungtung irang, ya dumah ta sira, tan sah umiring lampah bhatara saparan-paran. uni kalan ira bhatara brahma, umahas waneng wana ukir, awasana katemu tuwed nangka, araryan bhatara ingkana, rajwa matur ikang pawestri. “pakulun paduka bhatara, kapengin patik bhatara, atumon ikang tuwed nangka iki, singgih yan pindan ing yoga, rena paduka bhatara, ayogakena, marapwan ikang tuwed dinadenaken manusa, maka swami yan patik bhatara”. ling bhatara “sigra manusa, yan mangkana, ana pwa piteket ingulun wetning tegase kita sakeng karahasyan, wastu 3 siga, anama nil uh kaywan teges”. anembah ta pwa sira, tan asuwe pwa ta sira bhatara, etun ing tuwed nangka atemahan manusa lanang, paripurna apekik ring rupa, tulya nanmata angawatara.

antarlina bhatara maring tan katon, irika ta ni kaywan teges, yaya kagebug ikang manah, tan kena ingandegang, pinangku pwa sira sang apekik, tur ingaras-ngaras, apan suniya sepi, tan ana ingibdang manah, adawa yan caritakena polah ing sang wawu rinuwang ing salulut, atakera asing suket rejung. gelis ikang tatwa carita, yan pira kunang lawas ira atemu tangan, awor saraga riwekasan asuta pwa sira laki bi, kang laki ingaran i nangatewel, kang istri ingaran nil uh nangka. wekasan riwus wayah pwa tuwuh ira, mangpng ring kayowan, neher rinangkubaken somah lawan sanak, apan buncing pwa wijil sira nguni, muwah salawaase pwa sira akuren saib, wekasan ana suta pwa sira inaran i teges, muwwah ki teges, wekasan asuta pwa ya inaran ki jati, muwah ki jati nular atmaja, ya inaran i kaywan. kunang i kaywan anuwuhana wija i abasan. muwah ki abasan nalar asuta, anama ki tampwagan, i tampwagan adruwe pyanak anama i pangalasan. muwah i pangalasan asuta aran ki pangawasan. ki pangawasan nalar aputra anama i abyannangka. ya ika prasida anumubaken wangsan ira sowang-sowang. kukuh ngamangehan kawangsaniya, ya ta prasama siunangguh bandesa bali araniya, nging pada uwus kinanugrahan pwa sira ri kala kapejahaniya, wenang ta sira maprebeya mageseng, mamanah toya, menek uncal, madasar bade, maguling babangkit, wenang matatakan baha. ri kala uripniya, wenang makahyangan panti. mangkana panugrahan ira paduka bhatara brahma, ri sawatek ing pratisanatan katewel, prasida sinanggeh bandea bali pwa sira kabeh. ri wekas ing wekas, pada sah pwa sira, angungsi dik desa-desa, ana angungsi maring nyalyan, ana ngungsi maring getakan, akwehniya ana ngungsi maring kuramas, medahan, mider pwa sira maring desa-desa, apan ya pada wredhi santanan. mangkana wastu wayaniya, didiniya santanan ingulun mangke, pada weruha lawan kadang makadine nora kadang, apan makweh adak-adakan ira paduka bhatara brahma, wenang yawa-yawakena, apan akweh tang pungkusan, mamper-imper kulawan santanan ingulun, ana olih ing paradesa, ana amet saking wadu, ya wenang den pratyaksakena. mangkana kangetakena, marapwan tan kasalimur. rengenta malih tang tatwa, cinarita ingati ta sira paduka bhatara brahma, agawaya manusa kamitaniya, antuk ing tanah legit, kinepel-kepel, inulet-ulet, tan asuwe, andadi manusa salaki bi wetning kasidyadnyanan ira paduka bhatara.

dadi mahabang rupan ira manusa, apan katikanan den ing kasidyan adnyanan ira bhatara, ya etun tumuli ingaranan ki pande bali. ndya etun ing apungkusan pande, apan sira waged amet gagaduhan amalu wesi, alandesan pupu, weruh anggawe sarwa lalandep mwang anggawe saprabot ing manusaa loka, apaniyan waged, ya etun ing inaran ki pande bang bali. mangkana katatwan ika, anging dudu apande bang kawitanta, it is ira mpu sandang suwungan mwang mpu buhung-buhungan, maka lalangitan santanan ingsun kabeh, teges ira pande bang ika. tuhu totos ing tanah legit ika ing kuma. nahan kaprastawaniya. tumutur ikang carita muwah, salami lamine sira pande bang bali, angaduh gagaman ing apande wesi, ri wekasan awredi pwa sira santana, tan ipal-ipal, turun tumurun, malar pwa tang prati santana, angaduh ing gagaman sang kawitan, amande wesi, terus tumus katekeng wekas-wekas, sapungkusan ki pande bang. kunang muwah nimitaniya, rikala kapejahaniya, tan kayogya matirtha ring brahmana, apan ya atisayeng makumel parikramaniya, wangkayaniya, tan kawenang tinanem ring pratiwi, kayogyaniya ring bungkah ing taru-taru, sumandangakena, rinubungana don ing sarwa sekar merik. prapta kang paksi gagak, amangan ikang sawa, ya awana ira mulih ing ayatana. mangkana kalingan ika. marwan ing nora atirtha ring brahmana, tegese sira sudra janma ngaran, angaduh sagaman amalu wesi. mangkana kalingan ika, ri wekasan, ana santanan ira, pratakan ing aran, kang rumuhun, anama bang sutawan, masantana ingaran ta sira bang wirya. kunang sira bang wirya, neher santana anama sira bang kalung. muwah sira bang kalung, neher santana anama sira bang sangging. muwah sira bang sangging, malar pwa sira asantana ingaran pwa ta ya i pande kebat. kunang pwa sira ki pande kebat, olih agocehan lawan ki sengguhu, to sing bhujangga, kena kawawadulin dene ki sengguhu, sinangguhaken amati-mati, apan sira anggawe lalandep, kroda sang amawa bhumi, ya etun ing kinarangkengan olih sang amawa bhumi. sira ki pande kebat, alama pwa sira den ira ring madya karangkeng, annuli ana karyan ira sang amawa bhumi, ring bali rajya, tan ana anggen amati-mati sato mwang sarwa manuk, katekeng sarwa mina mwang katekeng saprabot ing manusa kurang, awetu eling pwa sira sang amawa bhumi lawwan punang pande kebat, kari maring karangkeng, kang kapisuna den ing ki sengguhu, maka wurungan ing mangun karya dalem.

apan tan ana parabot, ya etun ing kinon pun sengguhuangunculana pun kebat, tur lunatana pun sengguhukon unggiha pun pande kebat de sang amawa bhumi, tan wihang pwa sira kinonkon. ya etun ing ki pande kebat muwah anggawe prabot manusa genep. mangkana kaprastawaniya nguni, sapratisantanan ki pande bali. etun ing kadi kita pratisantana kabeh, den yatna-yatna ring ulah, apan wekas ing malawas, didiniyan nora kasalimur. santanan ingulun apan kadung panjang, maran kita tyaksa lawan pidartaniya, waneh rengeniya malih, kalingan ing pande jawa, nga. ring usana, du king kari jawa daha nagara. ana ta brahmana kakalih, abiseka bubuksah lan gagak aking, rumaga siwa lawan budha. sira mpu rajakerta, anerahang sira mpu gandring, asantana pwa ring katang lumbang, amerahang sira mpu siwa siwa saguna, uni du king kawa, asuta sira malala cangkrong. sira mpu siwa saguna tumutur lungahang bali rajya, asrama pwa sira ring tusan, nga. kentel gumi. pira ta kunang lawas ira maring bali rajya, pareng tumut sapara arya ing kuna, sang maka punggawa bali. sawusan rundahe ring bali rajya, sabrastane sri aji bedahulu, den ira patih gajah mada nguni. sapanungkule sira arya pasung grigis, kena pinanjara oyeng tengkulak, irika pwa sira mpu siwa saguna tumurun datengeng bali, papareng lawan arya ing kuna. uwus mangkana tumuli tumurun sri aji kresna kepakisan, jumeneng maring samprangan. mangkana gatin ikang carita. yan pira kunang lawas ira sira mpu siwa saguna maring nagara rajya bali, maring tusan, anuwuhaken sira santana, apuspata sira arya kapandeyan. kunang arya kapandeyan malar pwa sira asuta jalu paripurna akakasih pwa sira lurah kapandeyan. kunang pwa sira lurah kapandeyan, asantana pwa sira 1. ki pande tusan, 2. ki pande tonja, 3. ki pande jeruk, 4. ki pande banjar ambengan, 5. ki pande menanga. manak-gumanak, makarambeyan kabeh, akeh tang para pande, lunimbak ing pulo bali, apan sampun karatista maring para santana ira kang maka manggalanin, tan waneh pwa kita ki pande tusan. mangkana kapradartaniya, kang sinengguh pande jawa, to sing brahmana pwa sira, mpu siwa saguna tegese, dudu pande to sing mpu sandang suwungan muwah mpu buhung-buhungan muwah pande bali tanah legit. jatine sira pande jawa. mangkana kaweruhanta kita sawatek ing kita sinangguh wangsa nyuwung.

iti kaweruhakena pratisantanan i pande bang, rumuhun duk mpu buhung-buhungan awerdhi santana, mijil saking kapurusan, uwus aparab patih bali sira. i patih bali masantana wesya gunung nangka. wesya gunung nagka masantana pande bang. i pande bang masantana 2 diri, i pande sakti lan i pande bagus. i pande bang prenahe mapekak ring i patih bali. weruh ring japa mantra, ring puja muwah sloka sruti, tatwadyatmika, kamoksan tur mawa panugrahan paduka bhatara hyang brahma, nga. puspata purana, unggwan ing pahider-ideran, pustaka japa puja sruti, pustaka gong gending pangkur muwah gong gending sinom, maka miwah wirama sahing solas. ika ne manggenang dangu katekeng mangke, karanan ing pamatolan, sawane maeteh-eteh ngungkab ulon, kadi panglekadaniya. muwang kranan ing ana panyuwungan, rah i patih bali, weruh ring marga kasuniyan. mawit kranan ing ana pedel, patulanganiya napak ring pratiwi tur putus malih ring pratiwi. kaweruhakena muwah, pangangeniya ki pande bang, 3 soroh, telung pasalinan, nga. nista, madya, utama. yan utama, nga. padmasana. ya madya, nga. bade petak. yan nista, nga. ligasana. ratuaniya ancur, sarwa petak. kalan ing angurung watangan ring pahumahan, ider-ider petak, rurub solas sami petak, laluhur petak.
puput.
dikutip dari : prasasti pande bang
sumber : gedong kirtya no. 4821
druwen : puri ngurah, sibang kaja, abiansemal, badung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar